HIDAYAT JATI WARAHING HIDAYAT JATI
Wejangan Ajaran Islamipun Poro wali Tanah Jawa.
Iki Warahing Hidayat Jati, anuduhake dununge pangkating ngelmu makrifat wewejangan saka para Wali ing Tanah Jawa, sasedane Kanjeng Susuhunan ing Ngampeldenta, pada karsa ambuka wiridan kang dadi wijining wewejangan surasaning ngelmu kasampurnan dewe-dewe, wiyose iya uga asal saka Dalil Hadis Ijmak Kiyas, kaya kang wis kasebut ana sajroning Wirid kabeh, mungguh pepangkatane sawiji-wiji kapratelakake ing ngisor iki : 1. Kang dingin, Saankatan nalika jaman awale nagara ing Demak, para Wali kang karsa amejang amung wolu.
- Kanjeng Susuhunan ing Giri Kadaton, wewejangane, Wisikan Ananing Dzat.
- Kanjeng Susuhunan ing Tandes, wewejangane, Wedaran Wahananing Dzat.
- Kanjeng Susuhunan ing Majagung, wejangane, Gelaran Kahananing Dzat.
- Kanjeng Susuhunan ing Benang, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-makmur.
- Kanjeng Susuhunan ing Muryapada, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-muharram.
- Kanjeng Susuhan ing Kalinyamat, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-mukaddas.
- Kanjeng Susuhunan ing Gunungjati, wewejangane, Santosaning Iman.
- Kanjeng Susuhunan Kajenar, wewejangane, Sasahidan.
- Kanjeng Susuhunan ing Giri Parapen, wewejangane, Wisikan Ananing Dzat.
- Kanjeng Susuhunan ing Darajat, wewejangane, Wedaran Wahananing Dzat.
- Kanjeng Susuhunan ing Atasangin, wewejangane, Gelaran Kahananing Dzat.
- Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-makmur, banjur ambabar sagung kang dadi parabote amatrapake panjenenganing Dzat kabeh, nanging durung urut patrap panggonane ing sawiji-wiji.
- Kanjeng Susuhunan ing Tembayat, kalilan dening guru Kanjeng Susuhunan Kalijaga, ambabarake wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-muharram.
- Kanjeng Susuhunan ing Padusan, wewejangane, Pambukaning Tata malige ing dalem Bait-al-mukaddas.
- Kanjeng Susuhunan ing Kudus, wewejangane, Panetep Santosaning Iman.
- Kanjeng Susuhunan Geseng, wewejangane, Sasahidan.
- Chayu, tegese urip, dumunung sajabaning Dzat.
- Nur, tegese, cahya, dumunung sajabaning Dzat.
- Sir, tegese rahsa, dumunung sajabaning cahya.
- Roh, tegese nyawa, diarani sukma, dumunung sajabaning rahsa.
- Napsu, tegese angkara, dumunung sajabaning sukma.
- Akal, tegese budi, dumuning sajabaning napsu.
- Jasad, tegese badan, dumunung sajabaning budi.
- Ing nalika kayu anguripi kahananing cahya, sumarambah ing netra ing netra, - wahanane dadi bisa aningali iya iku paningaling Dzat angagem ing netra kita.
- Ing nalika kayu anguripi kahananing rahsa, sumarambah ing grana, - wahanane dadi bisa angganda, iya iku panggandaning Dzat angagem ing grana kita.
- Ing nalika kayu anguripi kahananing suksma, sumarambah ing lidah, - wahanane dadi bisa angandika, iya iku pangandukaning Dzat angagem lesan kita.
- Ing nalika kayu anguripi kahananing napsu, sumarambah ing talingan, - wahanane dadi bisa amiyarsa, iya iku pamiyarsaning Dzat angagem ing karna kita.
- Ing nalika kayu anguripi kahananing budi, sumarambah ing ati, - wahanane dadi bisa birahi anduweni karsa, iya iku karsaning Dzat angagem ing ati kita.
- Ing nalika kayu anguripi kahananing jasad, sumarambah ing getih,
- wahanane dadi bisa ambekan, banjur anuwuhake wulu kuku sapadene, iya iku afngaling Dzat angagem ing saulah kita,
- Dzat amurba Kayu, tegese Dzat iku witing urip.
- Chayu amisesa Nur, tegese urip iku amengku wahyaning cahya.
- Nur kang misesa Sir, tegese cahya iku amengku uriping suksma.
- Sir amisesa Roh, tegese rahsa iku amengku uriping suksma.
- Roh amisesa Napsu, tegese suksma iku amengku uriping napsu.
- Napsu amisesa Akal, tegese napsu iku amengku uriping budi.
- Akal amisesa jasad, tegese budi iku amengku uriping jasad.
Dalam kebersamaan, kita temukan kedamaian.
Temukan kisah, nilai, dan inspirasi dari tanah kelahiran di blog kami:
Majelis Sekumpul - Sadulur Salembur📖 Baca sekarang dan rasakan hangatnya budaya dan spiritualitas lokal.
#MajelisSekumpul #SadulurSalembur #BlogKomunitas #NilaiLokal
Terima kasih telah membaca di Majelis Sekumpul - Sadulur Salembur.
Jangan lupa bagikan artikel ini jika bermanfaat!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar